:
Pangeran Yehuwah njunjung wong asor 1 Haleluya!
He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji,
padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.
2 Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna,
ing saiki lan ing salawase.
3 Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia
saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;
4 Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa,
kamulyane ngungkuli langit.
5 Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita,
kang dedalem ing ngaluhur,
6 kang ngesorake sarira prelu nguningani,
swarga lan bumi?
7 Wong asor dijunjung saka ing lebu
lan wong mlarat dientas saka ing blethokan,
8 kalungguhake awor lan para panggedhe,
awor lan para panggedhe bangsane.
9 Wong kang gabug dilungguhake ing omah,
dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan.
Haleluya!