:

Jabur 119

Kabegjane wong kang uripe manut angger-anggering Yehuwah 1

Rahayu wong kang padha utama lakune,

kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.

2

Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengete

sarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,

3

kang uga ora nglakoni duraka,

nanging ngambah dalan pitedahe.

4

Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka,

supados dipun tetepana kaliyan tumemen.

5

Mugi-mugi lampah kawula tetep

miturut pranatan Paduka.

6

Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan,

manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka.

7

Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah,

samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil.

8

Pranatan Paduka sami badhe kawula tetepi,

kawula mugi sampun ngantos paduka tilar babar pisan.

9

Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa?

Manawi netepi ing pangandika Paduka.

10

Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula,

sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.

11

Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah,

supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.

12

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang pinuji-puji,

kawula mugi Paduka wulang pranatan Paduka;

13

sarana lambe kawula kawula nyariyosaken sakathahing

sarak ingkang Paduka dhawuhaken.

14

Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka,

kadosdene ing bab sakathahing raja-brana.

15

Pepaken Paduka badhe kawula gilut-gilut,

saha ngawasaken dhateng margi pitedah Paduka.

16

Kawula badhe seneng wonten ing pranatan Paduka,

sarta boten badhe kesupen dhateng pangandika Paduka.

17

Paduka mugi karsaa ngganjar kasaenan dhateng abdi Paduka supados kawula gesang,

sarta kawula badhe ngugemi pangandika Paduka.

18

Mripat kawula mugi Paduka elekaken, supados kawula sageda nyawang

kaelokanipun angger-angger Paduka.

19

Kawula tiyang neneka wonten ing bumi,

pepaken Paduka mugi sampun Paduka umpetaken saking kawula.

20

Manah kawula rempu margi saking anggen kawula tansah kangen

dhumateng sarak Paduka.

21

Paduka mbendonana para tiyang mursal; mugi kenginga ing ipat-ipat

tiyang ingkang nyimpang saking pepaken Paduka.

22

Panacad tuwin pangina mugi Paduka singkiraken saking kawula,

awitdene kawula netepi dhawuh pepenget Paduka.

23

Sanadyna para pengageng sami lelenggahan sekuthon nglawan dhateng kawula,

ewadene abdi Paduka punika ngraos-ngraosaken pranatan Paduka.

24

Dhawuh pepenget Paduka punika malah sami dados kasenengan kawula

saha dados juru pirembag kawula.

25

Nyawa kawula kraket dhateng lebu,

Paduka mugi karsaa nggesangaken kawula

miturut ing pangandika Paduka.

26

Salampah kawula sampun kawula unjukaken, dene Paduka lajeng paring wangsulan.

Paduka mugi karsaa mulang bab pranatan Paduka dhumateng kawula.

27

Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng pitedah pepaken Paduka,

supados kawula ngraosaken kaelokan Paduka.

28

Nyawa kawula nangis margi saking sedhih,

Paduka mugi karsaa ngiyataken miturut pangandika Paduka;

29

kawula mugi Paduka tebihaken saking margi ingkang nasar,

saha kaparingana angger-angger Paduka.

30

Margining kaleresan ingkang sampun kawula pilih,

sarta sarak Paduka kawula dekek wonten ing ngajeng kawula;

31

dhawuh pepenget Paduka kawula gondheli;

dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka wirangaken.

32

Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka,

awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula.

33

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nedahaken pitedah bab pranatan Paduka dhumateng kawula,

badhe kawula turut ing salami-laminipun.

34

Kawula mugi Paduka mangretosaken,

temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka,

badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.

35

Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken Paduka,

awit punika ingkang kawula remeni.

36

Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,

sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen.

37

Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina;

kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka!

38

Abdi Paduka mugi kaparingana santosaning prasetyan Paduka,

ingkang kaparingaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.

39

Cacad kawula ingkang kawula kwatosaken, mugi Paduka singkiraken saking kawula,

awitdene angger-angger Paduka punika sae;

40

saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka;

kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka.

41

Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka,

karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;

42

supados sageda mangsuli dhateng ingkang nacad kawula,

sabab kawula pitados dhateng pangandika Paduka.

43

Pangandikaning kaleresan punika mugi sampun ngantos kapundhut saking cangkem kawula,

awitdene kawula ngajeng-ngajeng dhateng pranatan Paduka.

44

Kawula tansah badhe netepi angger-angger Paduka

ing salajengipun saha ing salaminipun.

45

Kawula badhe lumampah wonten ing omberan,

margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi.

46

Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja,

sarta boten badhe kawirangan.

47

Kawula badhe kasengsem dhateng pepaken Paduka

ingkang kawula tresnani punika.

48

Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani;

kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.

49

Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka,

amargi Paduka sampun paring pangajeng-ajeng dhumateng kawula.

50

Punika ingkang dados panglipur kawula ing salebetipun kasangsaran kawula,

inggih punika anggen kawula kagesangaken dening prasetya Paduka.

51

Tiyang ingkang kumingsun sanget anggenipun sami moyoki dhateng kawula,

nanging kawula boten badhe mengeng saking angger-angger Paduka.

52

Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti,

milanipun angsal panglipur.

53

Kawula nepsu dhateng para tiyang duraka

ingkang sami nilar angger-angger Paduka.

54

Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur,

wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka.

55

Dhuh Yehuwah, ing wanci dalu kawula enget dhumateng asma Paduka,

kawula badhe netepi angger-angger Paduka.

56

Punika ganjaran Paduka dhateng kawula,

inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka.

57

Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanji

badhe netepi pangandika Paduka.

58

Klayan sanget adreng saha gumolonging manah anggen kawula nyuwun sih-piwelas Paduka,

mugi Paduka karsaa paring sih-palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka.

59

Lampah kawula tansah kawula raosaken,

sarta suku kawula, kawula eneraken dhateng ing dhawuh pepenget Paduka.

60

Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetaken

anggen kawula netepi pepaken Paduka.

61

Jiretipun tiyang duraka sami nangsuli kawula,

nanging kawula boten kasupen dhateng angger-angger Paduka.

62

Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Paduka

margi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil.

63

Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,

saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.

64

Dhuh Yehuwah, bumi punika kebak ing sih-susetya Paduka,

kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.

65

Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nandukaken kasaenan dhateng abdi Paduka,

miturut pangandika Paduka.

66

Kawula mugi Paduka wulang bab kawicaksanan sarta kawruh ingkang sae,

awit kawula pitados dhateng pepaken Paduka.

67

Saderengipun kawula nandhang sangsara, lampah kawula nyleweng,

nanging sapunika kawula gondhelan dhumateng janji Paduka;

68

Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan,

kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.

69

Tiyang kumingsun sami nandukaken piawon dhateng kawula kaliyan dora-cara,

nanging kawula badhe netepi prentah Paduka klayan gumolonging manah.

70

Manahipun tiyang-tiyang wau sami kandel kados gajih,

nanging kawula, angger-angger Paduka punika dados kabingahan kawula,

71

anggen kawula katindhes punika maedahi tumrap kawula,

inggih punika ndadosaken kawula lajeng nggegulang pranatan Paduka.

72

Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawula

nglangkungi mas utawi selaka blebekan.

73

Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula,

kawula mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula saged nyinau pepaken Paduka.

74

Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,

sami nyawang kawula kaliyan bingah,

awitdene kawula ngajeng-ajeng dhateng pangandika Paduka.

75

Dhuh Yehuwah, kawula sumerep bilih pranatan-pranatan Paduka punika adil,

saha anggen Paduka ngganjar kesrakatan dhateng kawula punika awit saking kasetyan Paduka.

76

Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula,

kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.

77

Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang,

awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula.

78

Para tiyang kumingsun sami kawirangan,

dene kawula dipun siya-siya tanpa sabab;

nanging pepaken Paduka badhe kawula raos-raosaken.

79

Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,

saha ngretos dhateng dhawuh pepenget Paduka,

punika sami ngguyubana dhateng kawula;

80

manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka,

supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.

81

Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka,

pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng;

82

mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka;

kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?”

83

Sabab kawula sampun kados impes wecucal tinarang wonten ing kukus,

ewasamanten kawula inggih boten kasupen dhateng pranatan Paduka.

84

Kantun pinten dinten-dintenipun abdi Paduka punika?

Benjing punapa anggen Paduka badhe ngadili tiyang ingkang sami mbujeng kawula?

85

Tiyang kumingsun ingkang boten nurut ing angger-angger Paduka,

punika sami ndhudhuk luwangan kangge kawula.

86

Sakathahipun pepaken Paduka punika kenging pinitados;

kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab,

kawula mugi Paduka pitulungi.

87

Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi,

ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka.

88

Kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka,

supados kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka.

89

Dhuh Yehuwah, pangandika Paduka punika ing salami-laminipun

tetep santosa wonten ing swarga.

90

Kasetyan Paduka punika turun-tumurun,

Paduka ngekahaken bumi, temah tetep wonten.

91

Tulusipun sadaya ngantos ing samangke punika miturut pranatan Paduka,

margi sadaya-sadayanipun punika sami ngladosi Paduka.

92

Manawi angger-angger Paduka boten dados kasenengan kawula,

kawula mesthi sampun lami tiwas wonten ing kasangsaran kawula.

93

Kawula boten badhe kasupen dhateng prentah Paduka ing salami-laminipun,

awit punika marginipun anggen Paduka nggesangaken dhateng kawula.

94

Kawula punika kagungan Paduka, kawula mugi Paduka luwari,

awit kawula punika ngupadosi prentah-prentah Paduka.

95

Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhe nyirnakaken kawula,

nanging kawula badhe migatosaken pepenget-pepenget Paduka.

96

Kawula sumerep dhateng wates-watesipun kasampurnan,

nanging prentah Paduka punika wiyar sanget.

97

Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka,

sadinten muput kawula gilut-gilut.

98

Pepaken Paduka punika paring kawicaksanan dhateng kawula, munjuli satru kawula,

margi ing salaminipun wonten ing kawula.

99

Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula,

margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.

100

Kawula langkung mangretos katimbang kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh,

margi kawula netepi prentah-prentah Paduka.

101

Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon,

supados ngestokaken pangandika Paduka.

102

Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Paduka

margi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.

103

Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula,

ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula.

104

Dhawuh Paduka ngangsalaken kapinteran dhateng kawula,

mila kawula sengit dhateng sakathahipun margining dora-cara.

105

Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula,

sarta pepadhanging margi kawula.

106

Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi,

badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.

107

Dhuh Yehuwah, kawula sanget anggen kawula katindhes,

mugi Paduka gesangaken nyondhongi ing pangandika Paduka.

108

Dhuh Yehuwah, sesaosan manasuka ingkang awujud kidung pepujian punika, mugi sageda ndadosaken kepareng Paduka,

sarta kawula mugi kawulanga bab pranatan Paduka.

109

Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula,

ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.

110

Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula,

ewadene kawula boten nyleweng saking dhawuh-dhawuh Paduka.

111

Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun,

awit punika dados kabingahanipun manah kawula.

112

Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka,

ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.

113

Kawula sengit dhateng tiyang ingkang mangu-mangu,

nanging ingkang kawula tresnani punika angger-angger Paduka.

114

Paduka punika pangauban sarta tetameng kawula,

pangandika Paduka ingkang kawula antos-antos.

115

He para durjana padha sumingkira saka aku,

supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.

116

Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang,

sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula.

117

Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,

kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.

118

Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik,

awit pokalipun sami tanpa gina.

119

Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged,

mila kawula remen dhateng pranatan-pranatan Paduka.

120

Badan kawula gumeter margi ajrih dhumateng Paduka,

sarta kawula ajrih dhateng pangadilan Paduka.

121

Kaleresan sarta kaadilan ingkang sampun kawula lampahi,

kawula mugi sampun Paduka ulungaken dhateng tiyang ingkang nganiaya dhumateng kawula.

122

Paduka mugi karsaa nanggel abdi Paduka ing bab kasaenan,

tiyang ambek kumawasa sampun ngantos sami nindhes dhateng kawula;

123

mripat kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka

saha prasetya Paduka ingkang adil,

124

abdi Paduka mugi karengkuha ingkang nyondhongi sih-kadarman Paduka,

saha Paduka wulang bab pranatan Paduka.

125

Kawula punika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangretosan,

supados kawula nyumerepi dhawuh pepenget-pepenget Paduka.

126

Ing sapunika sampun wekdalipun kagem Pangeran Yehuwah tumindak ing damel;

tiyang-tiyang sampun sami mbibrah angger-angger Paduka.

127

Mila kawula remen dhateng pepaken Paduka,

nglangkungi mas, sanadyan ingkang murni pisan.

128

Punika sababipun kawula gesang kanthi jujur, salaras kaliyan sadaya dhawuh Paduka,

sakathahing margining dora-cara kawula sengiti.

129

Dhawuh pepenget-pepenget Paduka punika elok,

mila nyawa kawula ngestokaken punika,

130

kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi,

paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho;

131

cangkem kawula kawula engakaken wiyar lan mangap-mangap,

awit ngorong kepengin dhateng pepaken-pepaken Paduka.

132

Paduka mugi karsaa mirsani kawula saha karsaa paring piwelas,

miturut sapantesipun tumrap tiyang ingkang sami tresna dhateng asma Paduka.

133

Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka,

saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.

134

Kawula mugi Paduka uwalaken saking panganiayaning tiyang,

supados kawula ngandhemi prentah-prentah Paduka.

135

Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka,

sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.

136

Luh kawula crocosan kados ilining toya,

awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.

137

Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil,

saha pranatan Paduka punika leres;

138

pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adil

tuwin kasetyan ageng.

139

Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula,

margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka.

140

Prasetya Paduka punika murni sanget,

abdi Paduka remen sanget.

141

Kawula punika tiyang alit sarta nistha,

ewadene boten kesupen dhateng dhawuh Paduka.

142

Kaadilan Paduka punika adil ing salaminipun,

tuwin angger-angger Paduka punika leres.

143

Kawula tinempuh ing karibedan tuwin kasisahan,

nanging pepaken Paduka sami dados kabingahan kawula.

144

Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,

kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang.

145

Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani!

Pranatan Paduka badhe kawula tetepi.

146

Kawula sesambat dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa ngluwari kawula!

Kawula badhe ngestokaken pepenget Paduka.

147

Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung,

Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng.

148

Tangi kawula ngrumiyini wekdalipun jagi dalu

prelu ngraos-ngraosaken janji Paduka.

149

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,

awit saking sih-kadarman Paduka;

kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka.

150

Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak,

tiyang-tiyang wau sami nebihi angger-angger Paduka.

151

Nanging dhuh Yehuwah, Paduka celak,

sarta sakathahipun pepaken Paduka punika leres.

152

Sampun wiwit rumiyin kawula mangretos saking ing pepenget Paduka,

bilih punika sampun Paduka tetepaken kangge ing salaminipun.

153

Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula sarta kawula mugi Paduka entasaken,

awit kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.

154

Paduka mugi karsaa ngurus prakawis kawula, saha kawula mugi Paduka luwari,

punapa malih kawula mugi Paduka gesangaken miturut prasetya Paduka.

155

Karahayon punika tebih saking para tiyang duraka,

margi sami boten ngupadosi pranatan Paduka.

156

Dhuh Yehuwah, sih-piwelas Paduka punika luber,

kawula mugi Paduka gesangaken laras kaliyan angger-angger Paduka.

157

Kathah tiyang ingkang mbujeng sarta ingkang nglawan kawula,

nanging kawula boten nyleweng saking pepenget Paduka.

158

Anggen kawula ningali tiyang ingkang lampah cidra ngantos bosen,

dene kok sami boten ngestokaken janji Paduka.

159

Lah kawula remen sanget dhateng dhawuh-dhawuh Paduka!

Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka.

160

Dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresan

saha sakathahing angger-anggering kaadilan Paduka punika kangge ing salaminipun.

161

Kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab dening para pangageng,

nanging manah kawula namung ajrih dhumateng pangandika Paduka.

162

Kawula bingah ing bab janji Paduka,

prasasat tiyang ingkang angsal rayahan kathah.

163

Kawula gething saha rumaos eneg dhateng para-cidra,

nanging remen dhateng angger-angger Paduka.

164

Kawula memuji Paduka kaping pitu sadinten,

margi saking kaadilaning sarak Paduka.

165

Tiyang ingkang sami remen dhateng angger-angger Paduka punika kadunungan katentreman ingkang ageng,

saha boten wonten sandhunganipun.

166

Dhuh Yehuwah, karahayon peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,

sarta kawula nglampahi pepaken Paduka.

167

Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,

sanget anggen kawula remen,

168

prentah saha pepenget Paduka sami kawula tetepi,

awitdene salampah-lampah kawula wonten ing ngarsa Paduka.

169

Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,

kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.

170

Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,

kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.

171

Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian,

margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.

172

Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka,

awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres.

173

Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula,

awit prentah Paduka ingkang kawula pilih.

174

Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,

saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula.

175

Nyawa kawula mugi sageda gesang, supados memuji dhumateng Paduka,

saha sarak Paduka mugi dadosa pitulungan kawula.

176

Kawula punika kesasar kados menda ingkang ketriwal, abdi Paduka mugi Paduka padosi,

awit kawula boten kesupen dhateng pepaken Paduka.

Link: