:

Jabur 120

Dioyak-oyak ing paekan 1

Kidung jiyarah.

Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah,

banjur disembadani:

2

“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula

saking lambe ingkang cidra,

saking ilat ingkang dora-cara.”

3

Apa kang bakal diparingake marang kowe,

sarta kowe diparingi tambahan apa,

he ilat kang dora-cara?

4

Panahe prawira kang landhep,

tuwin mawane kayu arar.

5

Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca,

kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh,

awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar!

6

Wus cukup suwe pamanggonku

awor karo wong kang padha sengit marang karukunan.

7

Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku,

wong ing kono banjur padha ngajak perang.

Link: