:

Jabur 126

Pangarep-arep ing satengahing karubedan 1

Kidung jiyarah.

Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion,

kaanan kita kaya wong ngimpi.

2

Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu,

lan ilat kita kebak giyak-giyak.

Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene:

“Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”

3

Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita,

mulane kita padha bungah.

4

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula,

kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb!

5

Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili,

bakal ngeneni kambi giyak-giyak.

6

Wong kang lumaku maju kalawan nangis

kambi nyebar wiji,

mulihe mesthi kalawan surak-surak

karo ngusung gedhengane.

Link: