:
Tentrem ana ing pangayomaning Sang Yehuwah 1 Kidung jiyarah.
Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah,
iku padha kaya gunung Sion kang
ora obah-obah, kang tetep ing salawase.
2 Yerusalem kinupengan ing gunung,
kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate,
wiwit ing samengko nganti ing salawase.
3 Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep
ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid,
supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh
tangane marang piala.
4 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae
tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.
5 Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok,
mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon.
Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!