:

Jabur 128

Berkahing kulawarga 1

Kidung jiyarah.

Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,

sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.

2

Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu,

rahayu kowe lan becik kaananmu!

3

Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur

ana ing jerone omahmu;

lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun

kang ngupengi mejamu.

4

Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan

wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

5

Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion,

sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,

6

sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu!

Tentrem rahayu anaa ing Israel!

Link: