:

Jabur 129

Luwar saka ing kasangsaran 1

Kidung jiyarah.

Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom,

-- kareben Israel ngucap mangkono --

2

banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom,

ewadene padha ora bisa ngalahake aku.

3

Wong mluku, mluku ana ing gegerku,

alurane waluku didawakake.

4

Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti

dhadhunge wong duraka.

5

Sakehe wong kang sengit marang Sion

bakal padha kawirangan lan bakal mundur.

6

Padha kaya suket ing payon,

kang alum sadurunge dibedhol,

7

kang ora digegem dening tangane wong ngarit,

utawa dirakupi dening kang mbenteli,

8

satemah wong kang padha liwat ora ngucap:

“Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh!

Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!”

Link: