:

Jabur 131

Pasrah marang Gusti Allah 1

Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung

sarta boten mawas kanthi kumlungkung;

kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk,

utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula.

2

Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula;

kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun,

kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.

3

He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah,

wiwit samengko nganti ing salawas-lawase!

Link: