:
Pasambat sajroning kasusahan 1 Kidung jiyarah.
Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebet
kawula sesambat dhumateng Paduka.
2 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula,
Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.
3 Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang,
dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?
4 Nanging Paduka kagungan pangapunten,
supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.
5 Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep,
lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.
6 Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran
ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk,
iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.
7 Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel!
awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman,
sarta kerep banget paring pangluwaran.
8 Panjenengane kang bakal ngluwari Israel
saka sakehing kaluputane.