:

Jabur 133

Pasaduluran kang rukun 1

Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.

Saiba prayoga lan endahe,

manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.

2

Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah

kang ndlewer marang jenggot,

kang ndlewer marang jenggote Imam Harun

lan marang guloning jubahe.

3

Kayadene ebune gunung Hermon

kang mudhun ing gunung-gununge Sion.

Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah

lan urip nganti ing salawase.

Link: