:
Kekidungan ing wayah bengi 1 Kidung jiyarah.
Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah.
He sakehe para abdining Sang Yehuwah,
kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah,
ing wayah bengi.
2 Tanganmu padha ulukna madhep marang papan suci,
lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah.
3 Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi,
muga mberkahana kowe saka ing Sion.