Jabur 136
Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik!
awit langgeng sih-kadarmane.
Padha saosa puji marang Allahe para allah,
awit langgeng sih-kadarmane.
Padha saosa puji marang Gustine para gusti,
awit langgeng sih-kadarmane.
Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan,
awit langgeng sih-kadarmane.
Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan,
awit langgeng sih-kadarmane.
Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu,
awit langgeng sih-kadarmane.
Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit,
awit langgeng sih-kadarmane.
Srengenge kang mengku raina,
awit langgeng sih-kadarmane.
Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi,
awit langgeng sih-kadarmane.
Kang mejahi para pembarepe wong Mesir,
awit langgeng sih-kadarmane.
Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe,
awit langgeng sih-kadarmane.
Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene,
awit langgeng sih-kadarmane.
Segara Teberau dipiyak dadi loro,
awit langgeng sih-kadarmane.
Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe,
awit langgeng sih-kadarmane.
Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau,
awit langgeng sih-kadarmane.
Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi,
awit langgeng sih-kadarmane.
Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe,
awit langgeng sih-kadarmane.
Para ratu kang mulya padha dipateni,
awit langgeng sih-kadarmane.
Sihon, ratune bangsa Amori,
awit langgeng sih-kadarmane.
Lan Og, ratu ing Basyan,
awit langgeng sih-kadarmane.
Tanahe banjur diparingake dadi pusakane,
awit langgeng sih-kadarmane.
Dadi pusakane Israel, abdine,
awit langgeng sih-kadarmane.
Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran,
awit langgeng sih-kadarmane.
Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita,
awit langgeng sih-kadarmane.
Apadene paring pangan marang sakehing makhluk,
awit langgeng sih-kadarmane.
Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga,
awit langgeng sih-kadarmane.