:
Ing sapinggiring kali-kali ing tanah Babel 1 Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nanging,
manawa kelingan kutha Sion.
2 Clempungku padha dakcanthelake
ana ing wit gandarusa ing kono.
3 Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita,
njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan,
lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan:
“Aku padha kidungna kidunge Sion.”
4 Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah
ana ing nagara ngamanca?
5 Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem,
garinga tanganku tengen!
6 Ilatku kraketa ing cethak,
manawa aku ora tetap eling marang kowe,
sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake
musthikaning kabungahanku?
7 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom,
ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap:
“Gempuren, gempuren tekan talese pisan!”
8 He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya,
rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe,
tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!
9 Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu,
banjur padha dibantingi ana ing parang.