:

Jabur 138

Kidung panuwun tumrap pitulungane Pangeran Yehuwah 1

Anggitane Prabu Dawud.

Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah,

wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.

2

Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci,

saha memuji dhumateng asma Paduka,

awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka,

dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.

3

Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula,

Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.

4

Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka,

awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka;

5

sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah,

awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.

6

Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor,

sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.

7

Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan,

Paduka ingkang nggesangaken kawula,

Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula,

saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.

8

Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula!

Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun.

Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.

Link: