:

Jabur 149

Kidung kaunggulan tumrap wong Israel 1

Haleluya!

Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah!

Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.

2

Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake,

para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.

3

Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan,

sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,

4

awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate,

para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.

5

Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan,

padha surak-surak ana ing paturone.

6

Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane,

sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen,

7

kagawe nandukake piwales marang para bangsa,

lan kanggo niksa marang para suku bangsa,

8

kanggo mblenggu para ratune kalawan rante,

lan para panggedhene kalawan blenggu wesi,

9

kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan.

Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi.

Haleluya!

Link: