:
Haleluya 1 Haleluya!
Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene!
Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa!
2 Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane,
padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!
3 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka.
Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!
4 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan,
padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!
5 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring,
padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!
6 Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
Haleluya!