:

Jabur 16

Rahayu wong kang mursid 1

Miktam. Anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula,

amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.

2

Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula,

tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”

3

Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,

punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.

4

Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;

kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;

namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.

Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6

Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;

siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7

Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku;

malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.

8

Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,

manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku,

aku mesthi ora nganti keguh.

9

Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak,

malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.

10

Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan;

Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.

11

Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula;

kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka;

ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.

Link: