:

Jabur 15

Sapa kang diparengake sowan marang ing ngarsane Sang Yehuwah? 1

Masmur anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka?

Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?

2

Yaiku wong kang lakune tanpa cacad

lan nindakake apa kang adil,

apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,

3

kang ora nyebar pitenah kalawan ilate,

sarta ora nindakake piala marang kancane,

lan ora memada marang pepadhane;

4

kang nganggep asor marang kang ambek nistha,

nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah;

kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;

5

kang ora nganakake dhuwite

lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh.

sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.

Link: