:

Jabur 19

Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere 1

Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(19-2) Langit nyaritakake kamulyaning Allah,

sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;

2

(19-3) rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti,

lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.

3

(19-4) Ora ana pawarta lan ora ana tembung,

ora keprungu swarane,

4

(19-5) ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi,

pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.

Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit

5

(19-6) kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare,

berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.

6

(19-7) Wetune saka ing tepining langit

sarta ubenge tumeka ing sisih liyane,

ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.

7

(19-8) Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna,

nyegerake nyawa;

pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu,

aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.

8

(19-9) Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis,

mbungahake ati;

prentahe Sang Yehuwah iku murni,

gawe sumoroting mripat.

9

(19-10) Wedi marang Sang Yehuwah iku suci,

lestari ana ing salawase;

paugerane Sang Yehuwah iku bener,

kabeh adil,

10

(19-11) endahe ngungkuli mas,

malah ngluwihi mas murni akeh;

legine ngungkuli madu,

malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.

11

(19-12) Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya,

sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.

12

(19-13) Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran?

Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.

13

(19-14) Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal;

punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula!

Kawula lajeng tetep tanpa cacad

saha resik saking ing panerak ingkang ageng.

14

(19-15) Mugi-mugi Paduka karenan dhateng

kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula

lan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah,

peparang kawula, saha panebus kawula.

Link: