:
Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
(20-2) Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan;
asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem.
2 (20-3) Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem,
sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion.
3 (20-4) Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban,
sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)
4 (20-5) Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken,
sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang.
5 (20-6) Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem,
sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula,
Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.
6 (20-7) Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi,
lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci
kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.
7 (20-8) Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane,
nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.
8 (20-9) Wong iku padha ambruk, padha tiba,
nanging aku padha ngadeg jejeg.
9 (20-10) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu!
Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk!