:
Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah 1 Masmur anggitane Prabu Dawud.
Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah,
mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.
2 Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara
ditetepake tumumpang ing kali-kali.
3 “Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah?
Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?”
4 “Wong kang resik tangane lan suci atine,
kang ora masrahake nyawane marang kaculikan,
lan ora nglairake sumpah goroh.
5 Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah,
sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone.
6 Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane,
ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)
7 He gapura, padha dhuwurna pucakmu.
He lawang langgeng, padha kangkata,
supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!
8 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”
“Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa,
Sang Yehuwah prakosa ing prang!”
9 He gapura, padha dhuwurna pucakmu,
he lawang kawak padha kangkata,
supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!”
10 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”
“Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra,
Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)