:

Jabur 23

Gusti Allah iku pangen kang utama 1

Masmur anggitane Prabu Dawud.

Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.

2

Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete,

aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;

3

nyawaku diayemake,

sarta dituntun ing dalaning kabeneran

marga saka asmane.

4

Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati,

aku ora wedi marang bilai,

margi Paduka ingkang nganthi kawula;

teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

5

Paduka nata pasegahan kangge kawula,

wonten ing ngajengipun satru kawula;

sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,

tuwung kawula kebak mancep-mancep.

6

Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula,

salaminipun gesang,

saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.

Link: