Jabur 28
Anggitane Prabu Dawud.
mugi sampun ngendelaken kawula,
sabab manawi Paduka ngendelaken kawula,
kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula,
manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,tuwin njunjung tangan kawula
ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka,
utawi ingkang nglampahi awon,ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,
nanging manahipun kebak piawon.Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun,
saha manut pratingkahipun ingkang awon;mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun
sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,
sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakake
lan ora ditangekake maneh.Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake
swaraning pasambatku.
Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,
atiku kumandel marang Panjenengane.Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,
sarta aku ngunjukake panuwun
marang Panjenengane kalawan kekidungan.Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,
Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!
Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,
tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,
mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.