:

Jabur 29

Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara 1

Anggitane Prabu Dawud.

He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,

ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!

2

Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane,

padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!

3

Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu,

Gusti Allah kang mulya gumludhug,

Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.

4

Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,

swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.

5

Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,

malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.

6

Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet,

lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.

7

Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.

8

Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan,

Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.

9

Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak,

malah njalari alas-alas padha gundhul,

sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”

10

Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir,

Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.

11

Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate,

Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

Link: