:

Jabur 34

Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah 1

Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles.

(34-2) Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase;

pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku.

2

(34-3) Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya;

wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.

3

(34-4) Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku,

payo padha bebarengan nyuwurake asmane!

4

(34-5) Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan,

sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.

5

(34-6) Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah,

ulatmu mesthi bakal padha dibingarake,

sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.

6

(34-7) Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah;

sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.

7

(34-8) Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane,

sarta padha kaluwaran.

8

(34-9) Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!

Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!

9

(34-10) He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,

wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.

10

(34-11) Singa anom padha nandhang papa lan keluwen,

nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik.

11

(34-12) He para bocah, padha ngrungokna pituturku,

kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.

12

(34-13) Sapa kang seneng urip,

kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?

13

(34-14) Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala

sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;

14

(34-15) ngedohana piala, nglakonana kang becik,

ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!

15

(34-16) Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,

sarta talingane midhangetake ing pasambate;

16

(34-17) wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,

supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.

17

(34-18) Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake,

sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.

18

(34-19) Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine,

sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.

19

(34-20) Wong mursid iku akeh rerubede,

nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,

20

(34-21) Panjenengane ngreksa balung-balunge,

nganti ora ana kang tugel siji-sijia.

21

(34-22) Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran,

sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.

22

(34-23) Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine,

sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.

Link: