:

Jabur 33

Kidung pangalembana marang Allahe Israel 1

He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah!

Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.

2

Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung,

kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.

3

Kidungna kekidungan anyar;

diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!

4

Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata,

samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.

5

Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;

bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.

6

Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah,

sakehing balane dening napasing lesane.

7

Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan,

samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

8

Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah,

wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!

9

Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;

Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.

10

Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;

murungake rancangane para suku bangsa;

11

nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase,

tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

12

Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe,

sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!

13

Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga,

lan mirsani sakehing anake manungsa;

14

saka ing padalemane nguningani

sakehing isine bumi.

15

Kabeh padha diwangun atine,

sarta digatosake apa sapanggawene.

16

Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane;

pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.

17

Jaran iku tangeh yen marakake unggul,

lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.

18

Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane,

sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,

19

supaya nyawane kauwalake saka ing pati,

sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.

20

Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah.

Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.

21

Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane,

awit kita pracaya marang asmane kang suci.

22

Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya,

kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.

Link: