Jabur 38
Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan.
(38-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka,
sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;
(38-3) amargi kawula ketaman ing panah Paduka,
asta Paduka sampun ndhawahi kawula.
(38-4) Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka,
balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;
(38-5) amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula
sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.
(38-6) Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanah
margi saking bodho kawula.
(38-7) Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget;
sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.
(38-8) Bangkekan kawula kebak tatu,
saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;
(38-9) kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan,
kawula asesambat amargi manah kawula trataban.
(38-10) Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula,
sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.
(38-11) Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas,
saha mripat kawula koncatan sunaripun.
(38-12) Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula,
saha sanak-sadherek kawula sami nebih.
(38-13) Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret,
ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula,
saha saben dinten ngrancang paekan.(38-14) Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng,
lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.
(38-15) Malah kados tiyang ingkang boten mireng,
lan cangkemipun boten saged mabeni.
(38-16) Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah;
Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.
(38-17) Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula,
sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”
(38-18) Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung,
saha kawula tansah karidhu ing sakit.
(38-19) Dene kawula ngakeni kalepatan kawula,
kawula melang-melang margi saking dosa kawula.
(38-20) Mengsah kawula kathah sanget,
tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;
(38-21) tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula,
sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.
(38-22) Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula,
sampun nebihi kawula.
(38-23) Mugi enggala mitulungi kawula,
dhuh Pangeran, Pamarta kawula!