Jabur 39
Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.
supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,
cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,
sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”(39-3) Aku mbisu, aku meneng,
aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,
nanging prihatinku saya banget.(39-4) Atiku panas ana ing jeroku,
murub kaya geni nalika aku sesambat;
aku munjuk kalawan ilatku:(39-5) “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,
punapadene bab watesing umur kawula,
supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!(39-6) Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;
saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,
pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)
(39-7) Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,
namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,
nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.(39-8) Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?
Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.
(39-9) Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan,
kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.
(39-10) Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula,
amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.
(39-11) Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula,
kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.
(39-12) Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman,
jalaran lepat;kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget,
pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)(39-13) Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
saha nilingna ing pasambat kawula,tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon,amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka,tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.(39-14) Paduka mugi mengkeraken kawula, supados kawula saged bingar,
saderengipun kawula kesah sarta boten wonten ing malih.”