Jabur 41
Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
(41-2) Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih!
Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.
(41-3) Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane,
temah kasebut wong begja ana ing bumi;
Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!
(41-4) Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone,
Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.
(41-5) Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,
kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”
(41-6) Satruku padha nyatur aku ala:
“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”
(41-7) Wong kang tilik aku, rembuge goroh:
atine kebak piala,
bareng metu iku diwartak-wartakake.(41-8) Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,
padha ngrantam piala marang aku:
(41-9) “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,
anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”
(41-10) Dalah mitraku kang dakpracaya,
kang kembul mangan karo aku,
iku uga ngethungake tungkake marang aku.(41-11) Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula,
kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.
(41-12) Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula,
punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.
(41-13) Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula,
sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka
ing salami-laminipun.(41-14) Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel,
wiwit ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan!
Amin, Amin.