Jabur 42
Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh.
(42-2) Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen,
inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.
(42-3) Nyawaku ngorong marang Allah,
marang Allah kang gesang,besuk kapan anggonku diparengake
sowan ndeleng Gusti Allah?(42-4) Luhku kang dakpangan
rina lan wengiawit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene:
“Allahmu ana ing ngendi?”(42-5) Iki bakal dakeling-eling,
sajrone nyawaku sedhih lan lesu:sarehne wonge akeh bangetkapriye bisaku maju
ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allahkalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun,ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.
(42-6) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul,
lan ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Allah,
awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!(42-7) Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula,
mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka,saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon,
saking ing redi Mizar.(42-8) Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung,
sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka;
kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.
(42-9) Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman,
sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan,
pandonga marang Gusti Allahing uripku.(42-10) Unjukku marang Allah peparangku mangkene:
“Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula?Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor
margi saking panganiayanipun satru?”(42-11) Tiyang ingkang nenacad kawula punika,
kados nuwek-nuweka balung kawula,sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten:
“Allahmu ana ing ngendi?”(42-12) Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul?
Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh,
Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!