Jabur 49
Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
(49-2) He sakehing para bangsa, padha ngrungokna,
he sakehing wong ing donya, padha nilingna;
(49-3) para wong cilik lan wong gedhe,
para wong sugih lan wong mlarat sakabehe!
(49-4) Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan,
kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.
(49-5) Aku bakal nilingake marang bebasan,
tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!
(49-6) Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,
rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,
(49-7) wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane,
lan umuk marga saka kehing bandhane?
(49-8) Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe,
utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.
(49-9) Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane,
lan ora nyukupi ing salawase,
(49-10) supaya lestari urip ing sateruse,
lan ora ndeleng luwanganing kuburan.
(49-11) Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati,
para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng,
lan bandhane ditinggalake marang wong liya.(49-12) Kubure iku dadi omahe ing salawase,
dienggoni nganti turun-tumurun,
pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.(49-13) Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe,
mung padha kaya kewan kang dipateni.
(49-14) Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe,
sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)
(49-15) Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati,
pati kang dadi pangone;padha terus tumurun marang ing kuburan,
awake ajur mumur,
jagading wong mati kang dadi papan padunungane.(49-16) Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah,
saka ing cengkeremaning jagade wong mati,
amarga Panjenengane bakal mundhut aku. (Selah)(49-17) Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih,
sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe,
(49-18) amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa,
kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.
(49-19) Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja,
lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,
(49-20) ewadene bakal padha marani para leluhure,
kang ora bakal ndeleng pepadang ing sateruse.
(49-21) Manungsa kang kadunungan kamulyan akeh, manawa ora duwe kawruh,
iku kena dipadhakake kewan kang disembeleh.