:

Jabur 48

Sion, kuthane Gusti Allah 1

Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.

(48-2) Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji

ana ing kuthane Gusti Allah kita!

2

(48-3) Gununge kang suci, kang munggul endah,

iku minangka kasenenganing sajagad rat;

gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor,

kuthane Sang Nata Agung.

3

(48-4) Ana ing kadhaton-kadhatone

Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

4

(48-5) Amarga awasna, para raja padha ngumpul,

sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

5

(48-6) bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan;

kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

6

(48-7) Dumadakan padha geter ana ing kono,

padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

7

(48-8) Paduka ngremuki baita-baita Tarsis,

kaliyan prahara saking wetan.

8

(48-9) Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita,

ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,

ing kuthaning Allah kita;

Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

9

(48-10) Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka,

kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.

10

(48-11) Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka,

ngantos dumugi ing pungkasaning bumi,

asta tengen Paduka kebak kaadilan.

11

(48-12) Redi Sion kajengipun abingah-bingah;

para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surak

margi saking paukuman Paduka!

12

(48-13) Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute,

etungen menarane,

13

(48-14) tamatna balowartine,

dlajahana kraton-kratone,

supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.

14

(48-15) Sanyatane iki Gusti Allah,

iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase!

Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.

Link: