Kidung piwulange Prabu Dawud, (52-2) naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.
(52-3) He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala,
ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?
2
(52-4) Kowe ngrantam-ngrantam bilai,
ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah,
he wong cidra!
3
(52-5) Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan,
sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)
4
(52-6) Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak,
he ilat kang cidra!
5
(52-7) Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse
bakal direbat lan dilarak saka ing tarub
bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)
6
(52-8) Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi,
lan bakal padha nggeguyu, pangucape:
7
(52-9) “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene,
nanging ngendelake marang kasugihane kang luber,
lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”
8
(52-10) Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah;
kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo;
sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase.
9
(52-11) Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun,
margi saking pangreh Paduka;
awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwurakenwonten ing ngajengipun para kekasih Paduka!