:
Bab kanisthaning manungsa 1 Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud.
(53-2) Wong gemblung mosik ing sajroning atine:
“Ora ana Allah!”
Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget,
ora ana kang nglakoni kabecikan.
2 (53-3) Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga
marang para anaking manungsa,
karsa nguningani apa ana kang duwe budi,
lan kang ngupaya marang Gusti Allah.
3 (53-4) Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah;
ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.
4 (53-5) Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani,
yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti,
lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah?
5 (53-6) Ana ing kono padha ketaman ing pagiris,
sanadyan ora ana kang marakake giris;
amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe,
wong iku bakal padha kawirangake,
amarga wus padha katampik dening Gusti Allah.
6 (53-7) Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion!
Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh,
Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah.