:

Jabur 65

Kidung panuwun awit saka berkahe Gusti Allah 1

Kanggo lurah pasindhen.

Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.

(65-2) Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion,

sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.

2

(65-3) Paduka ingkang midhangetaken pandonga.

Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka

3

(65-4) amargi kalepatan.

Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula,

Paduka ingkang nglebur.

4

(65-5) Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak,

supados manggen wonten ing plataran Paduka!

Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka,

inggih kadhaton Paduka ingkang suci.

5

(65-6) Dhuh Allah Pamarta kawula,

Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi,

dalasan pulo ingkang tebih-tebih;

kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget

saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.

6

(65-7) Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,

Paduka ingkang apaningset karosan;

7

(65-8) Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten,

sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!

8

(65-9) Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka;

papan jumedhulipun enjing tuwin sonten,

Paduka damel asurak-surak.

9

(65-10) Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan,

kalenipun Gusti Allah peres toyanipun,

gandumipun Paduka cawisaken,

inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:

10

(65-11) Aluranipun Paduka elebi toya,

prongkalanipun Paduka telesi,

Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah,

tetuwuhanipun Paduka berkahi.

11

(65-12) Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka,

tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.

12

(65-13) Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun,

pareden-pareden sami abingah-bingah,

13

(65-14) pangenan-pangenan sami kebak menda gembel,

lebak-lebak sami kinemulan gandum,

samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.

Link: