:
Paukumane Gusti Allah marang wong duraka 1 Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud.
(64-2) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula,
nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi.
2 (64-3) Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon,
tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka,
3 (64-4) ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang,
sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah,
4 (64-5) ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan,
dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa.
5 (64-6) Sami nekad nindakaken duraka,
sami sarembag masang kala ing pasingidan,
sarta ngucap: “Sapa kang weruh?”
6 (64-7) Sami ngangen-angen tindak culika:
“Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.”
Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!
7 (64-8) Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika;
dumadakan sami ketaton.
8 (64-9) Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe;
sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg.
9 (64-10) Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah,
kanthi ngakoni pandamele.
10 (64-11) Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah,
sarta ngayom marang Panjenengane;
sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana.