:

Jabur 67

Kidung panuwun marga sakehing berkah peparinge Gusti Allah 1

Kanggo lurah pasindhen.

Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan.

(67-2) Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita,

Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)

2

(67-3) supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi,

saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.

3

(67-4) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka;

para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.

4

(67-5) Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka,

amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil,

lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. (Selah)

5

(67-6) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka,

Paduka pinujia dening sadaya bangsa.

6

(67-7) Bumi wus menehake pametune,

Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.

7

(67-8) Gusti Allah mberkahi kita;

salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.

Link: