:

Jabur 68

Arak-arakan kaunggulane Gusti Allah 1

Kanggo lurah pasindhen.

Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.

(68-2) Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar,

wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.

2

(68-3) Sami kados kukus kabur sirna,

kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu,

makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

3

(68-4) Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah,

sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,

sami gambira lan sukarena.

4

(68-5) Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur,

gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega!

Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!

5

(68-6) Ramane para bocah lola lan pangayomane para randha,

iku Gusti Allah kang ana ing kadhatone kang suci;

6

(68-7) wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan,

wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja,

nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.

7

(68-8) Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka,

nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)

8

(68-9) bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah;

redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.

9

(68-10) Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah;

siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,

10

(68-11) temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku;

dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka,

Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.

11

(68-12) Pangeran paring pangandika;

wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.

12

(68-13) Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,

para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.

13

(68-14) Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang?

Swiwining manuk dara padha diselut selaka,

sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.

14

(68-15) Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono,

gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.

15

(68-16) Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah,

gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!

16

(68-17) He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane?

Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.

17

(68-18) Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu,

malah ewon kehe,

Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.

18

(68-19) Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan;

Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa,

malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalela

supados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.

19

(68-20) Pinujia Pangeran!

Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita.

Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)

20

(68-21) Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon,

Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati.

21

(68-22) Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe,

pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.

22

(68-23) Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan,

bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,

23

(68-24) supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,

sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”

24

(68-25) Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,

arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.

25

(68-26) Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng,

ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung,

ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.

26

(68-27) “Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan,

yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel!”

27

(68-28) Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe,

para panggedhening Yahuda padha gumrudug,

para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali.

28

(68-29) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngempalaken kakiyatan Paduka,

dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken pangwaos Paduka,

Paduka ingkang sampun makarya kangge kawula sadaya.

29

(68-30) Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka,

margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.

30

(68-31) Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan,

golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa!

Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles,

ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken!

31

(68-32) Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir,

wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah.

32

(68-33) He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah,

padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)

33

(68-34) kagem Panjenengane kang nitih kareta miyos ing langit kang saka ing kuna mula.

Padha nggatekna, Panjenengane ngedalake swarane,

swarane kang nggegirisi!

34

(68-35) Padha ngakonana pangwasaning Allah;

kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.

35

(68-36) Gusti Allah iku nggegirisi ana ing padalemane kang suci,

Gusti Allahe Israel, Panjenengane ngganjar pangwasa lan kekuwatan marang umate.

Pinujia Gusti Allah!

Link: