:

Jabur 70

Pandonga nyuwun pitulungan 1

Kanggo lurah pasindhen.

Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan.

(70-2) Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula,

dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!

2

(70-3) Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula,

mugi sami kawirangna saha klicutan;

ingkang ngangkah damel bilai kawula,

mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;

3

(70-4) kajengipun mundur margi isin,

ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”

4

(70-5) Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka,

sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya;

ingkang nresnani karahayon peparing Paduka,

tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”

5

(70-6) Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah,

mugi karsaa enggal rawuh!

Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula;

dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka!

Link: