Jabur 69
Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Kembang bakung. Saka Sang Prabu Dawud.(69-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi,
awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula.(69-3) Kawula ambles ing rawa ingkang lebet,
boten wonten papan kangge pancadan;kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet,
alun ageng ngentiraken kawula.(69-4) Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;
mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.
(69-5) Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,
kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,
ingkang nyatur kawula tanpa sabab;kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.
(69-6) Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula,
kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.
(69-7) Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah,
para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka,mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula.Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka,sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.(69-8) Margi saking Paduka kawula tampi pamada,
rai kawula kebak cacad.
(69-9) Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula,
anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,
(69-10) margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula,
sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.
(69-11) Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam,
nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula;
(69-12) kawula mangangge bagor,
lajeng dados pocapanipun.
(69-13) Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura,
kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung.
(69-14) Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka,
dhuh Yehuwah,ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah;demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!(69-15) Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan,
sampun ngantos kleleb,kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula,
sarta saking toya ingkang lebet.(69-16) Ombaking toya sampun ngantos ngentiraken kawula,
sampun ngantos kawula kauntal ing teleng,
saha sumur sampun ngantos ngingkemi kawula.(69-17) Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,
awit sih-piwelas Paduka punika pinunjul,
Paduka mugi karsaa mirsani kawulasalaras kaliyan sih-rahmat Paduka ingkang ageng.(69-18) Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka,
amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!
(69-19) Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.
Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.
(69-20) Paduka nupiksani cacad kawula,
kawirangan kawula saha kanisthan kawula.
Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.(69-21) Manah kawula rempu margi saking panyamah,
telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,
sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.(69-22) Malah kawula dipun tedhani racun,
sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.
(69-23) Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,
lan kendhurenipun dadosa kala.
(69-24) Mripatipun sami dadosa peteng,
ngantos boten saged ningali;
sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!(69-25) Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,
sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.
(69-26) Pemahanipun dadosa suwung,
kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.
(69-27) Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi,
sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.
(69-28) Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi,
sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!
(69-29) Mugi kacoreka saking kitabing gesang,
sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!
(69-30) Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara,
dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula!
(69-31) Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan,
sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.
(69-32) Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang,
ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.
(69-33) Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha,
he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!
(69-34) Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat,
lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan.(69-35) Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi,
sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.
(69-36) Amarga Gusti Allah bakal mitulungi Sion,
sarta mbangun kutha-kutha ing Yahuda,
supaya dienggoni para umate lan dadia darbeke.(69-37) Para anak-putune abdine bakal padha tampa warisan iku,
sarta wong kang tresna marang asmane bakal padha manggon ana ing kono.