:
Gusti Allah, Hakim kang adil 1 Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.
(75-2) Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur,
tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka
sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.
2 (75-3) “Manawa Ingsun nemtokake wektune,
Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.
3 (75-4) Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur;
Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)
4 (75-5) Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”
Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!
5 (75-6) Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,
lan aja calathu kalawan ndegeg!”
6 (75-7) Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,
lan iya ora saka ing pasamunan,
7 (75-8) nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:
nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.
8 (75-9) Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk,
kebak campuran bumbu;
Panjenengane banjur ngiling saka ing kono;
lah ampase bakal disruput lan diombe
dening sakehing wong duraka ing bumi.
9 (75-10) Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase,
Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.
10 (75-11) Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk,
nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake.