:

Jabur 76

Gusti Allah, Hakime para bangsa 1

Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.

(76-2) Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda,

asmane kondhang ana ing Israel!

2

(76-3) Kemahe wus ana ing Salem,

sarta padalemane ana ing Sion!

3

(76-4) Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat,

tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)

4

(76-5) Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkuli

pareden ingkang wonten wiwit kina makina.

5

(76-6) Para wong kendel wus padha kajarah-rayah,

padha ngantuk angles,

para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.

6

(76-7) Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka,

kapal saha ingkang numpaki sami katileman.

7

(76-8) Paduka punika nggegirisi!

Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka

samangsa Paduka duka?

8

(76-9) Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit;

bumi ajrih saha kami-tenggengen,

9

(76-10) nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan,

saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)

10

(76-11) Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka,

kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.

11

(76-12) Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu!

Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah,

kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni.

12

(76-13) Panjenengane kang nglemesake semangate para pemimpin,

Panjenengane kang nggegirisi tumrap para ratu ing bumi.

Link: