:

Jabur 77

Pakaryane Gusti Allah kang wus kapungkur 1

Kanggo lurah pasindhen.

Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Asaf.

(77-2) Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora,

kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.

2

(77-3) Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran;

ing wayah bengi tanganku dakegarake,

lan ora banjur kesel,

nyawaku lumuh diarih-arih.

3

(77-4) Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,

manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)

4

(77-5) Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;

kawula semplah, temah boten saged wicanten.

5

(77-6) Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;

kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.

6

(77-7) Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,

kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:

7

(77-8) “Pangeran apa iya nampik ing salawase,

lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?

8

(77-9) Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,

prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?

9

(77-10) Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,

sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)

10

(77-11) Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,

dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”

11

(77-12) Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,

inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.

12

(77-13) Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka,

sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.

13

(77-14) Dhuh Allah, margi Paduka punika suci!

Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?

14

(77-15) Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan;

Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.

15

(77-16) Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf,

sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)

16

(77-17) Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka,

toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter,

malah samodra agung inggih ndhredheg.

17

(77-18) Mendhung nggrojogaken toya,

gumuruh swaraning mega mawarni-warni,

malah jemparing Paduka sami pating clorot.

18

(77-19) Swaraning gludhug Paduka gumledheg,

kilat-kilat sami madhangi jagad,

bumi geter saha gonjang-ganjing.

19

(77-20) Margi Paduka nglangkungi saganten,

sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar,

nanging tapak tilas Paduka boten katingal.

20

(77-21) Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan,

lumantar Nabi Musa lan Imam Harun.

Link: