Jabur 80
Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur.
Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda,
Paduka ingkang nitih kerub-kerub,mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka,(80-3) wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye.
Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka
saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.(80-4) Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.
(80-5) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu
sanadyan umat Paduka ndedonga?(80-6) Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh,
Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,
(80-7) kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih,
saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.
(80-8) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.
(80-9) Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir,
para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.
(80-10) Paduka sampun nyawisi papan,
wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;
(80-11) redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun,
lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;
(80-12) pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten,
sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.
(80-13) Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun,
temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?
(80-14) Dipun grogoti ing andhapan,
sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.
(80-15) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul,
mirsanana saking ing swara sarta ningalana.
Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,
(80-16) wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.
(80-17) Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori,
tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.
(80-18) Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka,
anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.
(80-19) Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka,
kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.
(80-20) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.