:

Jabur 81

Kidungan nalika nganyarake prajanjian 1

Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf.

(81-2) Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita,

padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.

2

(81-3) Padha ngidunga karo trebangan

lan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat.

3

(81-4) Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan,

ing tanggal purnama ing dina riyaya kita.

4

(81-5) Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel,

sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub.

5

(81-6) Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf,

nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir.

Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.

6

(81-7) “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul,

sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;

7

(81-8) sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira,

Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug,

Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)

8

(81-9) He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira;

he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.

9

(81-10) Ing tengahira aja ana allah liyane,

sira aja sujud marang allah ngamanca.

10

(81-11) Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira,

kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir,

cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.

11

(81-12) Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun,

sarta Israel ora seneng marang Ingsun.

12

(81-13) Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku,

cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.

13

(81-14) Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun,

saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun.

14

(81-15) Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake,

sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.

15

(81-16) Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane,

lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.

16

(81-17) Nanging umatingSun bakal Sunparingi mangan gandum kang becik dhewe

malah bakal padha Sunwaregi kalawan madu saka ing parang.”

Link: