:

Jabur 85

Pandonga nyuwun muga Israel kapulihake 1

Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh.

(85-2) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka,

kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.

2

(85-3) Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka,

sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)

3

(85-4) Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep,

bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.

4

(85-5) Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken,

Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.

5

(85-6) Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun,

saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?

6

(85-7) Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih,

supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?

7

(85-8) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya,

saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.

8

(85-9) Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah.

Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake

marang umate lan marang para kekasihe,

supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?

9

(85-10) Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane,

satemah nagara kita kadunungan kamulyan.

10

(85-11) Sih lan kasetyan bakal padha tempuk

kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung.

11

(85-12) Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi,

lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit.

12

(85-13) Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik,

sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune.

13

(85-14) Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane,

sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan.

Link: