Jabur 84
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh.
(84-2) Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka,
dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
(84-3) Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah,
manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak
tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.(84-4) Dalah peksi greja sampun manggih griya,
lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun,
wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah,Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.(84-5) Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,
saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)
(84-6) Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,
ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.
(84-7) Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,
punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;
tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.(84-8) Lampahipun saya dangu saya kiyat,
badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.
(84-9) Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)
(84-10) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya,
mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!
(84-11) Wonten ing plataran Paduka sadinten
punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan;kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula,
punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.(84-12) Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng;
Panjenengane maringi sih lan kamulyan;
wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.
(84-13) Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah,
rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.