:

Jabur 87

Sion kuthane Gusti Allah 1

Masmur anggitane bani Korakh: kidungan.

Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran.

2

Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah,

katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub.

3

He kuthaning Allah,

kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah)

4

Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun,

dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia:

“Iki padha dilairake ana ing kono.”

5

Nanging bab Sion diwartakake:

“Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,”

lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.

6

Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa:

“Iki laire ana ing kono.” (Selah)

7

Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng:

“Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”

Link: