Jabur 88
Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi.
ing wanci siyang kawula sesambat,
ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka.(88-3) Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,
Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula.
(88-4) Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan,
lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah.
(88-5) Kawula sampun kagolongaken para tiyang ingkang mandhap dhateng ing kubur,
sarta kados tiyang ingkang tanpa daya.
(88-6) Kawula kedah amor kaliyan para tiyang pejah,
kados tiyang ingkang sami pejah margi dipun pejahi,gumlethak wonten ing kubur,ingkang boten Paduka engeti malih,amargi sampun sami kapethal saking panguwaos Paduka.(88-7) Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangan
kuburan ingkang ngandhap piyambak
ing salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet.(88-8) Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka,
sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. (Selah)
(88-9) Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula,
kawula sampun Paduka damel pangewan-ewan kangge tiyang-tiyang wau,
kawula kinungkung boten saged medal.(88-10) Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran.
Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muput
sarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.
(88-11) Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah?
Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? (Selah)
(88-12) Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur,
tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan?
(88-13) Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan,
tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan?
(88-14) Nanging, dhuh Yehuwah, kawula punika sesambat dhumateng Paduka,
ing wanci enjing Paduka kawula pethukaken kaliyan pandonga kawula.
(88-15) Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken,
saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula?
(88-16) Wiwit alit mila kawula katindhes tuwin kaancam ing pejah,
kawula sampun nyanggi pagiris ingkang saking Paduka,
kawula rumaos tanpa pangajeng-ajeng.(88-17) Kawula katempuh ing bentering bebendu Paduka,
saha kabungkem dening pagiris Paduka.
(88-18) Punika ing sadinten muput nglimputi kawula kados toya,
ngantos kemput anggen kawula kinepang.
(88-19) Mitra tuwin kanca Paduka tebihaken saking kawula,
namung pepeteng ingkang dados pitepangan kawula.