Jabur 89
Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi.
(89-2) Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun,
kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.
(89-3) Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun;
kasetyan Paduka jejeg kados langit.
(89-4) Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun,
Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.
(89-5) Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase,
sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)
(89-6) Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah,
malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka
ing satengahing pasamuwanipun para suci.(89-7) Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah,
lan ing antarane para kang manggon ing swarga
sapa kang madhani Sang Yehuwah?(89-8) Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci,
lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.
(89-9) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka?
Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.
(89-10) Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh,
manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.
(89-11) Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan,
mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.
(89-12) Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka,
jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.
(89-13) Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken,
redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah
surak-surak margi saking asma Paduka.(89-14) Paduka ingkang kagungan bau santosa
asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.
(89-15) Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka,
sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
(89-16) Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak,
dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,
(89-17) sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka,
saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.
(89-18) Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun,
singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.
(89-19) Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah,
saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.
(89-20) Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi,
suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan,
sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.(89-21) Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun,
kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.
(89-22) Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun,
sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.
(89-23) Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh,
apadene kawasesa ing wong culika.
(89-24) Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe,
sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.
(89-25) Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun,
sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,
(89-26) Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara,
sarta tangane tengen ngereh kali-kali.
(89-27) Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula,
Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”
(89-28) Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep,
tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.
(89-29) Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase,
lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.
(89-30) Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,
apadene dhampare ing saumuring langit.
(89-31) Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,
sarta lakune ora manut ing pranataningSun,
(89-32) lan padha nerak marang katetepaningSun,
sarta ora netepi pepakeningSun,
(89-33) panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,
tuwin kaluputane kalawan gebug.
(89-34) Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,
sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.
(89-35) Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun,
tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.
(89-36) Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun,
mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.
(89-37) Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase,
lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,
(89-38) kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase
minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)
(89-39) Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken,
sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,
(89-40) prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken,
makuthanipun Paduka regedi kados lebu,
(89-41) balowartinipun Paduka rebahaken,
beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.
(89-42) Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi,
sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.
(89-43) Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken,
sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.
(89-44) landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,
Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.
(89-45) Cahyanipun Paduka suremaken,
sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.
(89-46) Dinten enemipun sampun Paduka celakaken;
piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)
(89-47) Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan,
sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?
(89-48) Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun,
punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?
(89-49) Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah,
ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)
(89-50) Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit,
ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?
(89-51) Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada,
saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,
(89-52) ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah,
ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.
(89-53) Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!